Ratna Antika - Pasar Kobong

Jare koran karepe pamong
pasar rakyat arep digawe gedhong
lah carane yen bakul-bakul mokong
dimen bubar pasar diobong

Alasane kabel listrike gosong
bakul-bakul mung plengang-plengong
barang ludhes dilalap geni
ora ono sing ganti rugi
lah terus piye lek ngini yo

Kae pasare kobong
jare ono sing ngobong
ndoro pamong lenggah kursi udud siong
pasar rakyat wis kelakon dadi gedhong

Jare koran karepe pamong
pasar rakyat arep digawe gedhong
lah carane yen bakul-bakul mokong
dimen bubar pasar diobong

Alasane kabel listrike gosong
bakul-bakul mung plengang-plengong
barang ludhes dilalap geni
ora ono sing ganti rugi
lah terus piye lek ngini yo

Kae pasare kobong
jare ono sing ngobong
ndoro pamong lenggah kursi udud siong
pasar rakyat wis kelakon dadi gedhong

Pasar anyar jeneng swalayan
lah sewane larang ra eram
bakul kepekso dodol neng pinggir dalan
cilakane pamong wis cepak gusuran

Kae pasare kobong
jare ono sing ngobong
ndoro pamong lenggah kursi udud siong
pasar rakyat wis kelakon dadi gedhong

No comments: